Intisari Ramalan Jayabaya
Oleh : Mutaqin
Intisarine Ramalan Utawa Jangka Jayabaya bisa kapilah dadi 56, yaiku :
1. Besuk yen wis ana kreta mlaku tanpa jaran. Tanah Jawa kalungan wesi, prau mlaku ing dhuwur awang-awang. Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange; iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak.
2. Bumi saya suwe saya mengkeret, sekilan bumi dipajeki. Jaran doyan sambel. Wong wadon nganggo pakaian lanang. Iku tandhane yen wong nemoni wolak-walike jaman.
3. Akeh janji ora ditepati, akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe.
4. Manungsa padha seneng nyalah, ora ngindhahake Hukum Allah. Barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci.
5. Akeh manungsa mung ngatamakake dhuwit lali kamanungsan, lali kabecikan, lali sanak lali kadang.
6. Akeh bapa lali anak, akeh anak wani nglawan ibu nantang bapa. Sadulur padha nyidra menyidra, kulawarga padha curiga mencurigai, kanca dadi mungsuh, akeh manungsa lali asale.
7. Ukuman Ratu ora adil, akeh pangkat jahat lan jail, akeh kelakuan sing ganjil. Akeh wong apik-apik padha kepencil.
8. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin, luwih utama ngapusi. Wegah nyambut kepingin urip mewah, ngumbar napsu angkara murka, nggedhekake duraka.
9. Wong bener thenger-thenger. Wong salah bungah-bungah. Wong apik ditam[ik-tampik. Wong jahat munggah pangkat.
10.Wong agung kesinggung. Wong ala kepuja.
11. Wong wadon ilang kewirangane. Wong lanang ilang kaprawirane.
12.Akeh wong lanang ora duwe bojo, akeh wong wadon ora setya marang bojone. Akeh ibu padha ngedol anake, akeh wong wadon ngedol awake. Akeh wong ijol bojo.
13.Wong wadon nunggang jaran, wong lanang linggih dhingklik.
14.Randha sauwang loro, prawan saiga lima, dhudha pincang payu sangang uwang.
15.Akeh wong ngedol ngelmu, akeh wong ngaku-ngaku, njabane putih njerone dhadhu. Ngakune suci nanging palsu. Akeh bujuk akeh lojo.
16.Akeh udan salah mangsa, akeh prawan tuwa. Akeh randha nglairake anak, akeh jabang bayi lair nggoleki bapake.
17.Akeh sing nentang agama, prikamanungsan saya ilang. Omah suci dibenci, omah ala saya dipuja. Wong wadon lacur ing ngendi-endi.
18.Akeh laknat akeh pengkhianat. Akeh anak mangan bapak, sadulur mangan sadulur. Kanca dadi mungsuh. Guru disatru. Tangga padha curigmencuriga. Kana-kene saya angkara murka.
19.Sing weruh kabubuhan, sing ora weruh katutuh.
20.Besuk yen ana peperangan teka wetan, kulon, kidul lan elor, akeh wong becik padha sengsara. Wong jahat saya seneng.
21.Wektu iku akeh dhandhangang diunekake kuntul, wong salah dianggep bener. Pengkhianat saya nikmat. Durjana saya sempurna, wong jahat munggah pangkat, wong lugu keblenggu.
2.2Sing curang garang, sing jujur kojur. Pedagang akeh sing keplanggrang, wong main akeh sing dadi.
23.Akeh barang haram, wong wadon nglamar wong langang, wong lanang ngasorake drajat.
24.Akeh barang-barnag mlebu luwang, akeh wong kaliren lan wuda.
25.Wong tuku nglnik sing dodol, sing dodol akal-okol.
26.Wong golek pangan kaya gabeh diinteri. Sing kebat kliwat, sing telat sambat. Sing gedhe kesasar, sing cilik kepleset. Sing anggak ketunggak, sing wedi mati. Sing nekat mbrekat, sing jirih ketindhih. Sing ngawur makmur, sing ngati-ngati ngrintih, sing ngedan keduman, sing waras gagas. Wong tani ditaleni, wong dora ura-ura.
27.Ratu ora netepi janji, musna kekuwasakane.
28.Bupati dadi rakyat, wong cilik dadi priyayi, sing mendek\le dadi gedhe, sing jujur kojur.
Sumber: Damar Jati
Panulis *) : Guru Basa Jawa SMP Tegaldowo (Http://demangwaru.blogspot.com/)
Minggu, 30 Agustus 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar